Gatot Cermin

Tutorial, Tips, Informasi, Blogging

Ads Here

Selasa, 07 Mei 2013

Gatotkoco VS Iron Man


gatot cermin

Ki Jokotole : Dalang
Kampret : Gatotkoco
Antony : Iron Man
Gazeboy : Gazeman

Alkisah diceritakno pas ditinggal dugem, Iron man nyulik Gazeman kancane Gatotkoco. Embuh opo tujuane, aku dewe yo rak ngerti, jarene kabar arep di nggo experimen dadi menungso wojo.

Gatotkoco banjur muntap mergo kancane dicolong, mlayu mbadhat gendring sipat kuping ngalor ngidul saking bingunge sing nggoleki.

Kiro-kiro sak jam-an Gatotkoco mabur klinteran goleki Gazeman nanging ora ketemu, singkat cerita enek sing ngandani nek Gazeman diculik Iron Man banjur digowo menyang Dollywood (sak lore Kalipornia). Langsung ae Gatotkoco mabur, karepe nusul kancane.

Sakwise bingung goleki, akhire Gatotkoco ketemu Iron Man.

Gatotkoco : "Sopo koe ndes, kok wani-wanine nyolong kancaku, po koe rak reti au sopo??

Iron Man : "Kakaka... (ngakak jaran) Au rak patek ngurus, mange sopo to dul koe ki?"

Gatotkoco : "Kenalno au Kampret eh kamsutku Gatotkoco sing diarani otot kawat balung wesi kringete wedang kopi, nendang tanpo suthang, mabur tanpo swiwi, jajan tanpo mbayar" (saurane Gatotkoco karo mlinter brengose sing ketel)

Iron Man : "Kakaka... (ngakak jaran neh) Kere berati, ora gur diapurmu thok dul sing due awak wesi, iki kenalno aku Iron Man menungso wesi, kene mas ngopi-ngopi disik"

Gatotkoco : "Wah matur suwun, kebetulan sedino iki mau awakku durung kringeten, onok sukun ora, telo yo gelem"

Iron Man : "Tenangno pikirmu, gonku ki opo-opo enek"

Ki Jokotole : Gatotkoco ro Iron Man kenalan njur salaman malah ijolan pin BB barang.

Iron Man : "Nyoh iki sukun karo telone, gek di untal"

Gatotkoco : "Weleh jian kebetulan beud, reti ae pean karo wong kaliren mas"

"Blaik... Iki ngopo awak,e dewe mah dadi tanya jawab koyo wong pekok, rasah sok akrab koe ndes."

Iron Man : "Ckakak... (Kali ini ngakak codot) Kui mau pancen trik ku go nylamurke koe ben rak kepikiran maneh".

Gatotkoco : "Trik untumu anyep kui, wes rasah kakean dialog, ndi Gazeman timbang tak tipex untumu."

Iron Man : "Oo.. tidak bisa, soale kancamu Gazeman arep tak dadeke ingon-ingonku, kamsutku tak dadekke experimenku."

Gatotkoco : "Ingon-ingon untumu mlocot kui, mange wedus?"

"Artine awakmu nantang aku ndes, po sarapmu wes owah tek wani ngajak gelut aku?"

Iron Man : "Nek gur karo diapurmu we yo ranek mundure to dul, ntenono tak salin sek"

Ki Jokotole : Iron Man mlebu kamar salin klambi wesine.

Gazeman : "Brader Gatot, cemungud yua!!!" (inguk-inguk seko njero kurungan nyuporteri kancane)

#Sampe disini penulis lagi bayangke Gazeboy nok njero kurungan koyok pitik angkrem. Wkakak asli ngakak tenan au#

Gatotkoco : "Tenang brader, lu diem dulu disitu, titip kutangku tulung gawakno sek"

Gazeman : "Koe ki gublug po Oon, nek kutangmu ucul koe yo ra jedak mabur to mplo"

Gatotkoco : "O iyo ding, suwori lali mbrow"

Iron Man : "Ayo dul, au wes siap iki"

Gatotkoco : "Ayo ndang, au wes ra sabar mijet untumu, reneo oyak'en aku" (Gatotkoco siap-siap take off)

Iron Man : "Iyo dul, tapi ojo duwur-duwur, au singunen soale"

Nong.. Gling.. Nong.. Gling (sworo gamelan)

Ciat.. Hiak des...
Ciu...ciu..ciu, duar..duar

Ki Jokotole : Gatotkoco karo Iron Man banjur gelut gayeng banget. Sampek penonton Habibie Ainun pindah kabeh ndelok duel'e wong pekok.

Ki Jokotole : "Ngenteni cah-cah kae do gelut, begimane kalo kita ngopi-ngopi dulu Gaz"

Gazeman : "Wah mathuk niku Ki"

Gatotkoco dipiting, dicekel brengose, bales genti Iron Man didugang okonge ngasi glangsaran turut lemah.

Ciu.. Ciu.. Ciu..
(Iron Man nembaki Gatotkoco)

Slap..slap..slap (ditangkis kabeh)

Iron Man : "Sek..sek dul, ki awak dewe wong 2 gelut toh pati, kae delengen kancamu mah ngopi udad udud jagongan ro dalange"

Gatotkoco : "Iyo ik, jian rak sopan padahal bayarane podo, wes rasah digagas, ayo gelut neh"

Iron Man : "Ndi tokno jurusmu andalanmu"

Gatotkoco : "Rasakno iki ndes, ciatt... " (Gatotkoco ngetokne ajian nendang tanpo suthang)

Blarr... Duarrr... Achh..

"D**nc**k.. Koen!!!"

(Iron Man nggeblak, misuh banter bianget)

Ki Jokotole : Iron Man mental keno sidekick Gatotkoco tibo njlungup sirahe disek, klambi wesine mubal, ambyar kabeh.

Gatotkoco : "Kacian dech lo, Kahkahkah.. (ngakak singo)

Iron Man :"Yoh le, awas koe dul. Wanine ro cah cilik, titenono sesuk tak kandake kancaku... Hu..hu..hu" (nangis mrembik-mrembik)

Gatotkoco : "Rak wedi, wekz.." (melet guguk)

Gazeman : "Wah pancen sekti tenan koe tot"

Gatotkoco : "Lha wong lakone mosok yo kalah?" (gemblung). Wes ayo ndang muleh"

Gazeman : "Sek tak kukutane iki tot"

Gatotkoco : "Malah nopo koe, njupuki cuilan klambine Iron Man.

Gazeman : "Lumayan, ngko tekan ngomah di dol nek tukang rosok ijolne beras"

Gatotkoco : "kakaka.. pinter, mantaps, nice post, jangan lupa kunbal.

Ki Jokotole : Akhire Gatotkoco berhasil nylametke kancane, sementara Iron Man mlebu kamare nelpun kancane, koyoke arep merencanakan sesuatu go balas dendam.

Gatotkoco banjur muleh mabur karo Gazeman gondelan kutang.

Catetan :
Cerito duwur kui gur cerita ethok-ethok'an sing paling waras seko dengkule John Kampret lanangan manis sing gaene mringis. Ora enek maksud ngece, opo meneh nglarani. Guyon thok.

Sumber : Nemu FotoCopy Drama neng Dalan

10 komentar:

  1. mantap gann.... hahahha sampek gogrok untuku moco post-an
    muuu

    BalasHapus
  2. Wah keren kang, nice post jangan lupa kunbal ya :D

    BalasHapus
  3. akakakak.... gw da pernah bca nok sumber asline, tp ntah knapa kalo baca ulang jg tetep ngakak !!!

    BalasHapus
  4. wah blogspot nampung pean kang? Aq malah latah kpingin nek blogspot ikih sisan.tp aq males slalu nek warnet.yo po ki? Jaluk tulung ironman aq malah dipleceti tok..critamu mantap kang :D

    BalasHapus
  5. aku gak ngerti bahase kang, aku wong sunda (dikit2 ngerti) coba ke bahasa indonesiakan.. kayaknya seru..

    BalasHapus